Kamis, 06 Desember 2012
Adat ing Desa
ADAT Desa
ing desa kula wonten adat kang sampu dilakoni pirang-pirang taun kepungkur yaiku kayata malem 10 sura,lelayu,lairan bayi lansapanunggalane.A.Adat 10 Sura
Para warga pda nindakaken kenduren ing daleme pak kaum lan gawe sesajen ing daleme dewe-dewe.Sesajen kasebat awujud jenag,sekul,omben-omben,kembang,menyan,lan rokok, buah, sayur,lan duwit.Banjur sawise saka daleme pak kaum kang padha mbeto buntulan wau,Sesajen ing dalem di dongani lan menyan e di obong kanggo dedonga marang Gusti Kang Maha Kuaos supaya arwah leluhur saged di tampi lan diampuni dosa-dosanipun.B .LeLayU
Saben wonten lelayu para warga gotong royong kagem ngrawat jenazah.Sawise Jenazah dikuburaken,para warga Tahlilian wonten dalem kang ditinggalaken wau,tekan 7 dinane lan sorene dianakaken genduren awujud mentahan kayata gula,teh,sarimi.Pangetan kasebat dianakaken saben 40 dina,1000dina.kang Awujud gendurenan.
C.LairAn BaYi
Ing desa kula lairan bayi ingkang sampun 7 dina dianakaken brokoan yaiku bagi=bagi bahan pangan kayat beras,gula,minyak,lan teh.Sawise di anakaken Aqiqah kang sampun umur 1 taunan.Upacara kasebat warni sembelih wedhus kang di bagi kalian warga masyarakat awujud tassyakuran lairan bayinipun.Lan bayi niku wau di potong rambute kangge kasuburan rambut supaya lemu lan sehat Dadi bocah kang pinter guna keluarga,nagari,lan Bangsa Indonesia.

D.BoCah SuKerta
Bocah sukerta yaiku bocah kang dados diwanti-wanti ing masyarakat kayatta uger-uger lawang,pancuran kaapit sendang,gotong mayit,kembang sepasang lan sapanunggalane.Supaya bocah iku dados bocah kang sae daianakaken upacara tanggap wayang,utawa imgkang sae-sae supaya mboten dipangan kalian buta wau.Dados bocah kang slamet ing donya akhirat.Pangerten e yaiku kembang sepasang:bocah 2 wadon kabeh,Uger-uger lawang:Bocah 2 lanang kabeh,gotong mayit:bocah 3 wadon kabeh,lan pancuran kaapit sendang:bocah 3 ing tngah anak lanang,Ontang-anting:anak 1 wadon,utawa lanang.
kabudayan jawi

ing Ngayogyakarta wonten warni-wrni budaya kayata upacara bekakak.
A.Upacara Bekakak di anaken saben wulan sapar setaun sepisan lan di pangeti kangge syukuran bahan pangan lan wonten sepasang kakung putri ingkang dibeleh ing ngarep masjid agung.Sepasang menika sakingadonan beras ketan lan diwenehi juruh gula jawi.Wonten kasil-kasil bumi kayata syuran lan buah-buahan ingkang ajeng disebar ing dalan amah mlaku ten masjid Agung kasil bumi wau di rebutaken kaliyan warga-warga Ngayogayakarta kang ndue panemua kasil wau saged mberkai kauripan masyarakat Ngayogyakarta.Wonten malih Gendruwa kang dados panjogo sepasang wau.
Selasa, 20 November 2012
upacara adat
UPACARA SABEN 1 SURA
Upacara adat wonten ing yogja warni-warni yaiku tanggal 1 suro,para warga masyarakat yogja padha ngresikaken barang-barang pusaka,kayata keris lan gaman-gaman liyane.
Sak liyane iku ana maneh ing kraton ngayogyakarta prajurit-prajurit kraton padha mubengi alun-alun ngayogyakarta kanggo mangeti taun anyar Muharam utawa bulan Suro.Ing Ngayogyakarta,ana upacara sekaten saka kalimat syahadat yaiku upacara ingkang mangeti laire nabi agung Muhammad SAW ingkang dilaksanaken saben tanggal 5 robiul awal ing alun-alun Ngayogyakarta,Ing dinten kapisan upacara iki diiringi abdi dalem lan gamelan jawa uga wonten pasar malem ing alun-alun utara kang dados ramenan para warga Ngayogyakarta.
Upacara adat wonten ing yogja warni-warni yaiku tanggal 1 suro,para warga masyarakat yogja padha ngresikaken barang-barang pusaka,kayata keris lan gaman-gaman liyane.
Langganan:
Komentar (Atom)









