Kamis, 06 Desember 2012

kasultanann Ngayoyakarta


KaSULTANAn NgayogYakarta





  Kasultanan Ngayogyakarta Anyar-anyar iki di SAh ke kalian pemerintah Ngayogyakarta,Sebab wonten rombakan ing kubu pemerintah supaya ganti Ngayogyakarta mboten daerah istimewa.Daerah istimewa amargi Ngayogyakarta dipimpin Sri Sultan Hamengku Buwana lan Paku Alaman.Para warga Ngayogyakarta padha demo amarga omongan kasebat lan padha mampang poster isine "BERSATU BUKAN BERATI MELEBUR"Parengan kasebat nandaaken warga Ngayogyakarta mboten purun ngubah Keistimewaan kasebat.Banjur Presiden Susilo Bambang Yudhoyono Nganaaken sidang inkang isinipun netep aken pamerentahan ing Ngayogyakarta,Kasile SBY nyetujoni Keistimewaan Ngayogyakarta,perangan kasebat smpun ketulis ing Undang-Undang Indonesia,ingkang di mangerti masyarakat indonesia sa kabeh e.Sak niki pamerintahan Ngayogyakarta Dados Keistimewaan,ingkang Gubernur e Sri SULTAn HB X Lan wakil e Paku Alaman IX.Keistimewaan kasebat amargi sakdurunge indonesia merdeka SRi sulatan Kaping IX melu perang nglawan penjjajah landa ingkang sampun kurban duit,pangan,lan prajurit kanggo mbelo nagari Inndonesia supaya bisa merdeka.





Adat ing Desa

ADAT Desa

ing desa kula wonten adat kang sampu dilakoni pirang-pirang taun kepungkur yaiku kayata malem 10 sura,lelayu,lairan bayi lansapanunggalane.

A.Adat 10 Sura 

         Para warga pda nindakaken kenduren ing daleme pak kaum lan gawe sesajen ing daleme dewe-dewe.Sesajen kasebat awujud jenag,sekul,omben-omben,kembang,menyan,lan rokok, buah, sayur,lan duwit.Banjur sawise saka daleme pak kaum kang padha mbeto buntulan wau,Sesajen ing dalem di dongani lan menyan e di obong kanggo dedonga marang Gusti Kang Maha Kuaos supaya arwah leluhur saged di tampi lan diampuni dosa-dosanipun. 





B .LeLayU

       Saben wonten lelayu para warga gotong royong kagem ngrawat jenazah.Sawise Jenazah dikuburaken,para warga Tahlilian wonten dalem kang ditinggalaken wau,tekan 7 dinane lan sorene dianakaken genduren awujud mentahan kayata gula,teh,sarimi.Pangetan kasebat dianakaken saben 40 dina,1000dina.kang Awujud gendurenan.





C.LairAn BaYi

       Ing desa kula lairan bayi ingkang sampun 7 dina dianakaken brokoan yaiku bagi=bagi bahan pangan kayat beras,gula,minyak,lan teh.Sawise di anakaken Aqiqah kang sampun umur 1 taunan.Upacara kasebat warni sembelih wedhus kang di bagi kalian warga masyarakat awujud tassyakuran lairan bayinipun.Lan bayi niku wau di potong rambute kangge kasuburan rambut supaya lemu lan sehat Dadi bocah kang pinter guna keluarga,nagari,lan Bangsa Indonesia.
























D.BoCah SuKerta
         Bocah sukerta yaiku bocah kang dados diwanti-wanti ing masyarakat kayatta uger-uger lawang,pancuran kaapit sendang,gotong mayit,kembang sepasang lan sapanunggalane.Supaya bocah iku dados bocah kang sae daianakaken upacara tanggap wayang,utawa imgkang sae-sae supaya mboten dipangan kalian buta wau.Dados bocah kang slamet ing donya akhirat.Pangerten e yaiku kembang sepasang:bocah 2 wadon kabeh,Uger-uger lawang:Bocah 2 lanang kabeh,gotong mayit:bocah 3 wadon kabeh,lan pancuran kaapit sendang:bocah 3 ing tngah anak lanang,Ontang-anting:anak 1 wadon,utawa lanang.







 

kabudayan jawi



ing Ngayogyakarta wonten warni-wrni budaya kayata upacara bekakak.
 A.Upacara Bekakak di anaken saben wulan sapar setaun sepisan lan di pangeti kangge syukuran bahan pangan lan wonten sepasang kakung putri ingkang dibeleh ing ngarep masjid agung.Sepasang menika saking
adonan beras ketan lan diwenehi juruh gula jawi.Wonten kasil-kasil bumi kayata syuran lan buah-buahan ingkang ajeng disebar ing dalan amah mlaku ten masjid Agung kasil bumi wau di rebutaken kaliyan warga-warga Ngayogayakarta kang ndue panemua kasil wau saged mberkai kauripan masyarakat Ngayogyakarta.Wonten malih Gendruwa kang dados panjogo sepasang wau.